Kamis, 21 Maret 2013

PAWUKON NAGA DINA, SASI LAN TAHUN

Nogo Nogo dino wis dadi tembung umum mungguh wong jowo.
Aku dhewe ora mudheng, ngopo kok diarani nogo ?!..
Kok ora diarani macan utowo gajah umpamane..
Hehehe..
Sakngertiku Nogo dino iku kanggo petungan wong lelungan.
Tegese yen lelungan ojo nganti marani panggone nogo.
Petungane Nogo dino iku werno werno, ono sing miturut dinone, ono sing miturut pasarane, utowo miturut neptu dino lan pasaran.
Ugo ono maneh nogo sasi, nogo tahun lan nogo jatingarang.
Yen nogo dino, nogo pasaran lan nogo neptu panggone pindhah saben dinane, ora koyo nogo sasi,nogo tahun lan nogo jatiungarang sing pindhahe saben telung sasi pisan.
Koyo mangkene panggone nogo dino :

Akad : Kidul.
Senen : Kidul kulon.
Seloso : Kulon.
Rebo : Lor Kulon.
Kemis : Lor, Lor wetan.
Jumah : Wetan
Setu : Kidul Wetan

Panggone nogo pasaran :

Kliwon : Tengah.
Legi : Wetan.
Paing : Kidul.
Pon : Kulon.
Wage : Lor.

Panggone nogo miturut neptu dino lan pasaran :
Neptu dino lan neptu pasaran dijumlah yen ketemu :

7,12,17 : Nogo ono Lor Wetan.
8,13 : Nogo ono Lor Kulon.
9,14 : Nogo ono Kidul Kulon.
10,15 : Nogo ono kidul Wetan.
11,16,18 : Nogo ono wetan.

Panggone Nogo sasi (Ngalihe saben telung sasi) :

Poso, Sawal, Selo : Kidul.
Besar, Suro, Sapar : Kulon.
Mulud, Bakdamulud,Jemadilawal : Lor.
Jemadilakir, Rejeb, Ruwah : wetan.

Panggone nogo tahun (Ngalihe saben telung sasi) :

Besar, Suro, Sapar : Lor.
Mulud, Bakdamulud, Jemadilawal : Wetan.
Jemadilakir, Rejeb, Ruwah : Kidul.
Poso, Sawal, Selo : Kulon.

Panggone nogo jatingarang (Ngalihe saben telung sasi) :

Suro, Sapar, Mulud : Wetan.
Bakdomulud, Jemadilawal, Jemadilakir : Kidul.
Rejeb, Ruwah, Poso : Kulon.
Sawal, Selo, Besar : Lor.

Prayogane den weruhi, Sakabehing kaperluan ojo nganti marani panggone nogo, luwih luwih yen tumbuk antane nogo taun lan nogo jatingarang.
Dene tumbuke nogo taun lan nogo jatingarang iku ono ing sasi Besar, Mulud, Jemadiulakir lan Poso....

4 komentar: